Kamis, 17 Desember 2020

Lirik Lagu Campursari : Bapak

 
Rambut wis ra ireng
Wis malih rupane 
Ireng dadi putih saikine

Dino tambah dino
Umur tambah umur 
Nanging koyo-koyo ora diroso 

Ngadeg dadi cagak
Nyonggo piringe anak
Mempeng kerjo ora mikir rogo

Paribasan umur wis akeh cacahe
Nganti bingung anggonku ngetunge

Bapak... bapak... tekadmu kuwi tak puji
Bapak... bapak... kowe koyo senopati
Bapak... bapak... panasmu ngungkuli geni
Bapak... bapak... keno angin soyo ndadi

Senajan uwis tuwo nekad mempeng kerjo
Nyambut gawe kanggo nguripi keluargo

Tidak ada komentar:

Posting Komentar